Asma Kinarya Japa

Spread the love

Asma kinarya japa. Mengkono wong Jawa duwe unen-unen ngenani bab jeneng. Jeneng iku minangka donga tumrap wong sing duweni. Mula iku akeh wong tuwa kang menehi jeneng anake minangka donga lan pangarep-arep. Pangarep-arep supaya mbesuk anake dadi wong kang migunani, kegayuh kang ginayuh, bisa mulya uripe. Mula iku akeh jeneng-jeneng: Slamet, Rahayu, Raharjo, Gayuh, Mulyono, Urip, Mumbul, Widodo lan sapiturute.

Jeneng Slamet mesthi wae wong tuwa pengin anake slamet. Mbuh iku slamet saka perkara alane wong kayata dibegal, dicopet, dipitnah, ditikung, diapusi pacare. Jeneng Rahayu, Raharjo, Widodo uga padha tegese yaiku slamet.  Kabeh supaya bisa slamet. Slamet saka sabarang kalir kang ala, kalebu slamet ora ditampik utawa ditolak calon mara tuwa. Nanging ana kang jenenge Slamet kok uripe apes terus? Oh, la perkara donga iku kan mung upaya, kabeh iku lak ya Pengeran kang mutuske? Iya apa ora?

Dene jeneng Gayuh, muga bisa nggayuh kang dadi gayuhane utawa cita-citane. Perkara nggayuh anake bakul beras lor prapatan dalan ora kedurusan ya iku kabeh urusane Pengeran. Donga iku mung upaya. Semono uga jeneng Urip, biyasane wong tuwa njenengi anake supaya bisa urip, awit sadurunge anak-anake ndilalah kepundhut Pengeran. Mumbul ngemu teges muga anake bisa mumbul, ora malah klelep. Mumbul dadi wong kang mulya. Dene jeneng Mulyo uga mengkono, mugiya anak bisa mulya ora kekurangan sandhang kalawan pangan apa maneh gendhakan.

Mengkono iku jeneng-jeneng kang ana ing masarakat Jawa. Biyasane jeneng Slamet paling akeh. Coba itungen ing desamu, sepira akehe jeneng Slamet? Aja-aja sing maca iki ya Slamet. Yen mengkono aku ngaturake slamet maca nganti tutug, rampung. hehe.

Jeneng iku tumrap wong Jawa pancen ora sepele. Mula ana bocah sing lara-laranan, kena mala ora mari-mari, utawa nggolek pacar angel ra entuk-entuk utawa wis nduwe pacar malah ditikung kancane. Perkara iku jare wong tuwa, bisa wae merga jeneng kang ora cocok. Umpamane jenenge Agung Hamengkubumi. Mula jeneng iku digenti. Nggenti jeneng ugi kanthi sarana slametan mawi jenang.

Bab jeneng lan njenengi, biyasane sadurunge wong tuwa njenengi kanthi nganakake slametan. Mbuh iku bayi arep dijenengi apa nanging kabeh supaya anak tetep slamet. Lumrahe njenengi iku sawise anak utawa bayi ngancik umur selapan dina. Sawise ngancik selapan dina, wong tuwa ngundang-undang tangga teparo kanggo slametan. Slametan kanthi nggawe bubur utawa jenang. Mula iku ana unen-unen, golek jeneng sik sadurunge golek jenang. Saben-saben wong duwe tapsir dhewe ngenani unen-unen iku. Ana sing napsirke yen jenang iku minangka simbol materi arupa dhuwit, bandha donya. Yen jeneng iku ateges nama baik. Mula akeh wong-wong tuwa kang njaluk anak-anake golek jeneng sik banjur lagi golek jenang.

Wong Jawa Ilang Jawane

Ana panjangka saka wong-wong kuna, crita saka mbah buyut bilih besuk wong Jawa ilang jawane. Panjangka iku kaya-kaya ora luput. Saka perkara jeneng wae wong Jawa wis kelangan identitase. Nalika taun 90-an mengisor isih akeh wong tuwa kang njenengi anake kanthi jeneng Slamet, Raharja, Rahayu, kaya jeneng sing wis takjlentrehke. Nanging saiki, taun 90-an munggah jeneng-jeneng bocah kang minangka dadi identitase wong Jawa wis arang diprangguli.

Coba goleka jeneng-jeneng kaya mau. Mesthi arang nemu. Saiki jeneng-jeneng wong Jawa akeh sing ngganggo jeneng manca. Kayata Alex, Nur Kholis, Frans, Julio, Rohman, Gabriel, Fatur. Nanging jeneng-jeneng iku tetep apik, awit iku ya donga. Ndongakke muga-muga anake bisa kebak welas lan asih, lumeber cahya murih dadi padhange ati. Kayata jeneng. Kang dadi perkara, ora apik lan eleke, nanging mung identitase. Identitase wong Jawa sing jarene wis ilang kawit jenenge wis ora asli. Halah ngomong jeneng lan identitas, wong jenengku wae wis campuran saka maneka basa, hehe. 

Sing dadi patuladhan yen ngemati jeneng-jeneng wong turunan Tionghoa, lumrahe tetep  nduwe jeneng Tionghoa. Najan nduwe jeneng Sugiyanto ana jeneng liyane, umpamane Wong Feng Hung. Iku kabeh merga isih ngugemi utawa eling marang identitase. 

Semono uga wong-wong turunan saka negara manca liyane. Sing dadi pitakonan kenangapa wong Jawa kok krisis identitase? Nanging jane apa ta identitas iku? Apa jan-jane identitas iku lakya ora ajeg, tetep owah gingsir? Nah, semono uga yen ndeleng bab jeneng mau. Apa bener yen jeneng-jeneng iku asli basane saka basa Jawa. Apa basa Jawa iku dudu maneka gabungan saka basa-basa liyane? Kayata basa Sansekerta, basa Pali kang asale saka India? Najan ta ana uga kang njlentrehke bilih basa ing India iku saperangan ana uga kang kena pengaruh saka basa Jawa. 

Lah ya, mumet. Kabeh kudu mawi panaliten kang njlimet, teliti. Ora bisa ujug-ujug waton omong. Perkara iki bisa dadi PR tumrap wong Jawa, najan wis ora sekolah. Nanging apa ya gelem wis ora sekolah kok nggarap PR?

Nanging pancen budaya iku kudu terus lumaku. Awit jaman terus lumaku. Kabeh owah lan gingsir. Najan jenenge Muhamad yen ra tau solat terus arep ngapa? Najan jenenge Bagya nanging susah, terus kenangapa? Kabeh lak ya perkara piye carane urip sing bisa migunani tumrap liyan? Jeneng iku donga. Nanging donga lak ya kudu kanthi sarana laku, tumindak. Ndonga supaya pacare ayu, nanging nyedhaki cah wadon ae ora wani apa ya Kabul dongane? Najan jenenge Kabul. Ndonga supaya calon maratuwa ora nolak lamarane, nanging apa ya kasembadan yen mung saderma ndonga ora miwiti sowan ning daleme? Najan sing ndonga iku jenenge Sembodo.

Halah aku kok malah mumet. Najan mumet muga tetep slamet, rahayu, nir ing sambekala. (SA)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.